Text Serat Ulem Undangan Bahasa Jawa

by 06:52 1 comments

Monggo kang mas mbak yu , ingkang kesulitan boten saged
ngerangkai bahasa jawi kangge undangan nikah,,,
niki kangge masukan ... supados saged dikoreksi
sak menawi enten salah saleh... saged dibenerke njeh...




Serat Ulem

Lan saka sawenehe ayat tandha yekti kasampurnaning kekuasaa-Ne Allah,
yaiku Panjenengan-Ne wus nitahke tumpra sira kabeh pirang-pirang jodho
saka jenis awakiro supaya sira padha tentrem kalawan dheweke lan
panjenengan-Ne adamel kesenengan lan rasa asih  ana ing antara nira,
Sanyata kang mangkono iku temen dadi tandha  yekti tumprap
wong kang padha gelem mikir.
 (Ar-Ruum : 21)

 Nambut silalahing akrami 

Antiek Yunarningsih, S.Pd
Putri Bpk. Sunaryo & Ibu Sri Rahayuningsih, S.Pd


dhaup kalian

Thoriq Sudradjat
Putra Bpk. Abdul Munif & Ibu Titik Yulianti

 Ijab Qobul:
Dinten: Rabu, Suryo Kaping: 4 Maret 2015
Wanci Jam : 09.00 WIB
Wonten ing: Masjid Jami'Assyuhada
Kaliputu, Kudus
Assalamu'alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh

Winantu sagunging pakurmatan, Nuwun kanthi kanyadong sih
Rahmating Gusti Ingkang Maha Asih Keparengo kulo ngaturi
 rawuh panjenengan sekalian benjing ing:

Dinten: Ahad, Suryo Kaping: 08 Maret 2015
Wanci Jam : 12.00 – 14.-00 WIB
Wonten ing:  Balaidesa Burikan, Jl. Yos Sudarso No 146A
Burikan, Kudus

Saperlu paring tambahing donga pangestu anggen kula badhe
ngijabaken anak kula, sumrambah ing sadayanipun.

Wusana rawuh panjenangan sekalian badhe handayani saha nambahi bombonge
manah kulo, awit saking puniko kulo ngaturaken sanget agunging panuwun.

Wassalamu'alaikum Warrahmatullahi Wabarakatuh

Atur Taklim Kula.

Keluarga,                                                                                Keluarga,
Ibu Sri Rahayuningsih & Andi Setyo W                          Ibu Titik Yulianti & Bpk Abdul Munif
Kudus                                                                                          Kudus

Antiek & Thoriq

Unknown

Developer

Cras justo odio, dapibus ac facilisis in, egestas eget quam. Curabitur blandit tempus porttitor. Vivamus sagittis lacus vel augue laoreet rutrum faucibus dolor auctor.

1 comment:

  1. Text Serat Ulem Undangan Bahasa Jawa >>>>> Download Now

    >>>>> Download Full

    Text Serat Ulem Undangan Bahasa Jawa >>>>> Download LINK

    >>>>> Download Now

    Text Serat Ulem Undangan Bahasa Jawa >>>>> Download Full

    >>>>> Download LINK 6R

    ReplyDelete